TEKS DRAMA BAHASA JAWA SUMINTEN EDAN



SUMINTEN DUDU SITI NURBAYA.
Dening : Sinta Anggun Destyanningrum4B / 102160635

Tokoh lan Penokohan
1.    Suminten                =  21 taun, pacare Tejo, ayu, pinter, ora gampang nyerah, lan sregep.
2.    Tejo                        =  21 taun, wonge ireng, pinter lan tresna mati karo Suminten.
3.    Rama Dihardjo       =  45 taun, bapake Suminten, awake gedhe dhuwur, rada galak.
4.    Simbok                   =  41 taun, simboke Suminten, wonge rada modern, nyentrik.
5.    Den Mono              =  45 taun, juragan pari sugih, seneng karo bocah wadon sik isih enom.
6.    Parto                       =  33 taun, rewange kulawargane Suminten.
7.    Parti                        =  30 taun, rewange kulawargane Suminten.
8.    Seto                        =  27 taun, rewange Den Mono.
Ringkesaning Crita.
            Suminten, bocah wadon kuliah ing progam studi Bahasa Jawa ing Universitas Negeri nduwe pacar jenenge Tejo. Bocah Loro kuwi wis ora bisa dipisah maneh. Malahan uwis nduwe rencana yen arep nerusake kuliah bareng, kareben bisa bareng bareng terus.
            Nanging, sakwijine dina, ana juragan pari ning ndesane Suminten jenenge Den Mono arep ngalamar suminten. Rama lan Simboke Suminten ssarujuk yen Suminten dinikahi karo Den Mono kareben uripe kepenak.  Nanging, Suminten ora gelem amarga tresnane among karo tejo kejaba kuwi Suminten pengen nerusake kuliah kareban bisa nggayuh apa kang di impekake.
            Suminten nduwe cara supaya dheweke ora sida nikah karo Den Mono kuwi. Tekan dinane lamaran, Suminten ethok – ethok kaya wong ora waras, ngguya – ngguyu dhewe, guneman dhewe lan teka – teka nangis dhewe. Weruh kahanan kaya ngono kuwi, Den Mono ora sida nikahi Suminten amarga gila werung tingkahe Suminten.

BABAK 1
(setting : suasana ing desa kang asri, omah – omah, wit – witan lan bangku kayu)
(Tejo ning mburi panggung nembang, Yen ing tawang ana lintang, cah ayu. Aku ngenteni tekamu. Marak mega ing angkasa nimas…..)
(Suminten metu saka omah – omahan, menyang pinggir panggung).
Suminten  : adhuh, adhuh kang Tejo. Atiku krasa anteng krungu swaramu kuwi. Aku ngenteni sliramu kakang. Tapi delok….uwis pirang jam anggonku ngenteni kowe, kowe ora teka – teka. Tekan kapan aku kudu ngenteni,,, oh lintang sik pating kerlip, kandha karo kakang Tejo,, kon cepet teka…(nembang,, bebasan kaya ngenteni udan ning mangsa ketiga..)
Tejo              : najan mung sedela ora dadi ngapa penting is ngadhemke ati…(mlebu ing panggung) Sedaya mawon,,tepanganken, kula Tejo Pambudi Sumbarjoyo. Kula semester 4B,,lan niki pacar kula Minten. Dheweke semester 4E, ayu to..moblong – moblong ngono ayune. Jeneng kumplite Raden Roro Suminten Cahyarini Setyoning Putri,,jeneng bekene Minten dudu pinten lho. Dheweke iki isinan banget, tapi isinane kuwi sik marakake kula terkinthil – kinthil.
Suminten      : Kang Tejo,, kejem tenan sampeyan ki. Kok nembe teka? Saka ngendi wae?
Tejo          : Pangapurane yo Minten, aku kudu nggolek wektu sik pas, ben ora konangan Rama lan Simbokmu. Dadi aman.
Suminten      : Kang Tejo, sampeyan ngerti to yen aku tresna temenan karo sampeyan? Nanging  aku lagi sedhih, aku pengen nangis (njagong).
Tejo              : Kenang ngapa Minten? Ndang ngomonga…(njagong njejeri Minten).
Suminten      : Ngene Kang, rencanane dhewe bakal neruske kuliah bareng,,ketoke bakal ora sida. Dhewe ora bisa bareng kang.
Tejo          : Kenapa???? Kenapa Minten?Yen dhewe wis lulus, dhewe bakal neruske S2 bareng to? Mengko nek wis lulu S2, dhewe jare yo arep neruske maneh. Pokoke dhewe bareng – bareng terus Minten. Terus kurang apa maneh Minten?
Suminten      : yo karang kuwi masalahe Kang. Rama lan Simbok ora setuju yen aku nerusake kuliah. Maune si Rama lan Simbok sarujuk wae, nanging amarga wingi awan Den Mono teka maring omah. Den Mono nglamar aku kang, Rama lan Simbok akon aku nikah karo Den Mono kuwi.(huhuhuhu nangis).
Tejo             : Apa? Den Mono bendot tuwa sik uwis uwanen kae Minten? (ngadeg karo emosi). Kaya Bojone uwis 4 Minten?
Suminten      : Iyo Kang kuwi sik marakake aku emoh.. nanging nek dadi bojo pertama aku tak mikir – mikir dhisik.
Tejo          : Apa? Minten Minten aja ngawur to kowe! Pokoke ngene Minten,,aku ora lila , ora ikhlas yen kowe mbojo karo Bendot Tuwa kae. Aku Tejo Pambudi Sumbarjoyo sumpah ning ngarepe kabeh bocah sak PBSJ. Ora ana sing oleh dadi bojomu kejaba aku. Ora bakal aku ngeculake kowe Minten!Yen ana sik wani ngganggu kowe aku ora isin – isin bakal lapor karo pak Rektor!
Suminten    : Ah Kang Tejo, aku dadi wedi weruh kowe ngamuk ngono kuwi. Aja kasar – kasar ah, isin lho kae ana Pak Joko, untung kuliah Etika wis bien semester 1 nek ora, ngalamat kowe ngulang makul kuwi. Wis kang, ngene kowe ora usah wedi, aku ora bakal tresna karo liya kejaba karo kowe Kang. Saiki ngene,, dipikir wae yo kang, kadang aku cok bingung milih cinta apa logika. Nek cinta, aku jelas milih kowe kang, kowe isih enom, ganteng, ning kadang – kadang rada slewah. Kowe jujur , kowe apa anane, lan kowe nduwe tresna sik gedhe marang aku. Nanging nek dilogika, Den Mono kuwi sugih, bojone 4, nek aku dadi bojo sik kelima, aku bakal urip mulya, tumpakane Baleno, anggon – anggonane mas raja brana. Ora usah kerja wis mulya Kang.
Tejo             : Hush…!! Minten!! Ngawur Kowe. Kok ngono!!
Suminten   : Sik sik sik Kang, aja kuwatir. Kuwi kan mau angen- angen, fakta. Nek kon milih aku yo tetep milih sik pertama, milih kowe kang. Aku nduwe cara kanggo nampik Den Mono ( Ngandhani Tejo kanthi lirih). Ya ya Kang?
Tejo            : Apa to? Aku ora krungu..hahaha iyo iyo aku krungu Mintenku, aku tambah tresna marang sliramu Minten.
Suminten    : Aku uga iyo kakang.
Tejo            : oh Minten
(gendhingan muni, Tejo lan Suminten lunga saka panggung)

BABAK 2
(setting nang jero omah, setelane lagu campursari. Rama Dihardjo Bapake Suminten lagi njagong nang kursi karo ngopi lan maca komik  dene simboke lagi maca Koran)
Simbok       : Rama Rama, sampun sepu kok wacanane komik kaya bocah cilik wae.
Rama          : Simbok ki ora ngerti, maca kaya ngene ki kanggo hiburan ngilangake stress.
Simbok       : Ndak iyo ah Romo, jajal aku tak maca. (maca karo ngguya – ngguyu)
Parto           : Ndoro putri kok nggujeng piyambak niku pripun Ndoro Kakung?
Parti            : ho oh e kae To, Ndoro Putri kesambet apa kae?
Simbok       : Enak wae kesambet, aku lagi maca komik iki, jan lucu yo jebule.
Parti            : napa nggih Ndoro?
Simbok       : Ki coba kok waca dhewe.
(Parti maca njuk ngguya – ngguyu dhewe)
Simbok       : Lha rak temenan to lucu, kowe ngasi ngguya – ngguyu ngono.
Parti            : hehehe sanes Ndoro, kula niku boten dong kaliyan tulisane, wong kula boten saged maca.
Simbok       : ooo lha jan…
Rama          : Wis wis le padha gojeg, iki arep ana tamu penting iki. Den Mono arep sowan rene. Aku bakal nduwe mantu juragan pari sik sugih kae, lan aku bakal tambah sugih. Hahahaha
Parti            : Ndoro, gaji kula minggah nek mekaten?
Rama          : Hush, kowe ki kerja le bener. Wis kae gugah Ndoro Minten, kon dandan sik ayu. Bar kuwi kowe njur masak sik enak.
Parti            : sendhika dhawuh Ndoro.
(Parti lan Parto, ninggalke panggung)
Rama          : Mbok, rasane aku kok seneng banget, sedhiluk maneh Minten bakal nikah karo juragan pari sik sugih kae.
Simbok       : Nanging Rama, sakjane Simbok pengen Minten nerusake kuliahe maneh
Rama          : Halah uwis Mbok, nek karo Den Mono uripe Minten mesti bakal mulya.
Simbok       : Rama, Den Mono kok bisa seneng karo Minten yo?
Rama          : Yo jelas to Mbok, wong Minten ki ayu, pinter tur sregep.
Parto           : (rengos – rengos ambegane) Ndoro, Den Minten, boten wonten teng kamar Ndoro.
Parti            : Nggih Ndoro Den Minten ilang
Rama          : APA?
Simbok       : Minten Rama, Minten nang ngendi?
(thok, thok, thok, swara lawang dithuthuk)
Den Mono  : Assalamualaikum !
Rama          :(ethok-ethok anteng) mangga mangga. Heh Parti cepet gawekno unjukan kanggo Den Mono.
(Den Mono njagong )
Den Mono  : Langsung wae Rama, aku teka iki arep menehi mas kawin Rama. Iki dhuit Rp. 20.000.000,00 , klambi saklemari. Nang njaba ana kebo 2 karo wedhus lan pitik.
Rama          : Adhuh Den Mono, matur nuwun sanget. Niki sinten Den?(nunjuk rewange Den Mono)
Den Mono  : oh iki rewangku Rama.
Rama          : oo kula kinten putrane Den Mono. Mangga lenggah Mas.
Seto            : Kita boten biasa lenggah Rama. Kita tugase njagi, Den Mono.. Niki mas kawinipun Rama, liane wonten njaba.
Simbok       : Matur nuwun Ndoro
Den Mono  : Simbok, pundi Minten, aku arep ketemu.
Rama          : (bingung, mloka-mlaku)
Simbok       : Oh nggih, sekedhap Ndoro. Minten wonten kok.
(Minten munggah panggung karo nembang)
Suminten    : Rama, Simbok.
Den Mono  : Minten, reneo cah ayu.
Suminten    : emoh…!
Rama          : Minten !
Suminten    : Den Mono, Rama, Simbok. Mumpung padha kumpul, aku arep ngomong, yen aku ora sudi dadi bojone Den Mono ! Lamarane tak tampik !
Rama          : Minten ! kowe dadi anak aja sembrono ! kudu manut karo wong tuwa !
Suminten    : Boten Rama, kula pengen nerasaken kuliah S2
Simbok       : Minten, Den Mono ki wong sugih, dadi kowe ora perku kuliah dhuwur – dhuwur. Apa – apa wis diwei karo Den Mono, uripmu bakal kepenak Ndhuk.
Suminten    : Boten Mbok, Rama Simbok nek mekaten panjengan ngadol kula teng Den Mono ! kabeh – kabeh merga bandha !
Simbok       : Ora Minten, iki kanggo uripmu.
(Rama ngomong – ngomong lirih karo Den Mono, wong loro kuwi sarujuk)
Rama          : Den Mono, nyuwun pangapunten, niki tanggung jawab kula. Pokoke ngenjang siyang Den Mono mriki malih. Minten sampun siap ngagem klambi pengantene. Biasa to Den, nek cah enom ki jarene cok jaim – jaim.
Den Mono  : Yo wis Rama, sesuk jam 9 aku rene maneh. Saiki aku tak bali dhisik.
(Den Mono mudhun seko panggung karo rewange)
(Minten nangis muguk – muguk)
Rama          : Minten ! kowe nembe seko ngendi, Parto karo Parti padha nggoleki kowe. Apa kowe lungo karo Tejo bocah gunung Kluthuk kae, sing Bapake mung tani Lombok, cah wingi sore kae? Kowe ora pantes karo Tejo Minten ! Arep dipakani apa kowe ?
Simbok       : Uwislah Minten, nuruta karo Rama mu. Tejo kuwi cah apik –apik ning ora nduwe apa – apa, uripmu bakal rekoso Ndhuk.
Suminten    : Pokoke Minten pengen tetep kuliah, ben bisa dadi dosen Basa Jawa. Apa maneh dikirim nang Suriname.(isih tetep nangis)
Rama          : Wis, aja nangis terus. Saiki ngaso, sesuk pengulu teka, klambi pengantenmu wis disiapake. Sesuk dandan sik ayu, lalekno Kuliahmu !
Suminten    : Boten Rama…!
(Simbok nuntun metu Minten mudhun panggung)
Rama          : Bocah saiki aneh, dikon mbojo wae ora gelem.
(tembang : durung nganti garing tatu sik nng atiku, tega – tegane sliramu nambahi kelara atiku, aku ora percoyo nanging kabeh iki nyata….)

BABAK 3
(Dina sesuke sawetara jam 9. Rama lan Simbok wis dandan, Parto lan Parti nganggo klambi anyar gendhing kebo giro)
(omahe Minten wis dewenehi janur kuning)
Rama          : Mbok, wis bener durung klambiku?
Simbok       : Boten Rama.
Parto           : Kula pripun Ndoro, tambah gagah to?
Parti            : Ndoro, mbok kula kaliyan mas Parto dinikahke sekalian, ngirit Ndoro..
Rama          : Kowe ki padha rebut wae..Parto, undangna Minten.
Parto           : Nggih Ndoro, Den Minten Den Minten.(karo mlayu ning mburi panggung, ora let suwi munggah maneh karo keweden). Ndoro Den Minten Ndoro..
(Minten munggah panggung karo ngguya – ngguyu dhe cekikikan, nganggo klambi kebaya. Dandanane ora karuan. Minten edan !).
Suminten    : ha ha ha ha ha (nari mubeng – mubeng) aku cinderela…aku bakalan dadi wong sugih. Hahaha ( mlayu rana rene)
Rama          : (nyekeli dhadhane) Minten, aja guyonan kowe !
Simbok       : (nangis seru banget) dhuh Gusti kenging napa anak kula.
Parti            : Adhuh kok dadi ngene . Den Minten, nek boten purun kalian Den Mono mbok paringke Parti mawon.
Suminten    : ha ha ha ha Rama wedi,,, Rama wedi karo Minten Ya??? Hahahaha ( teka – teka nangis)
Rama          : Minten Minten.
Suminten    : Rama, Minten bakal nikah ya? Karo sapa Rama? Karo Rama ya? Hahahahah
Rama          : Astaghfirullah..Dhuh Gusti. Eling Minten eling.
Suminten    : hahahaha….(mlayu nang penonton)
(nang panggung padha bingung kabeh, ora let suwi Den Mono teka)
Den Mono  : Nuwun sewu,, Rama Simbok, kula pun siap niki..
Rama          : hemmm, Den Mono kula bingung badhe ngomong napa..Minten boten purun. Nuwun sewu Den, nika Minten
(Minten isih nyanyi, ngguyu, lan nangis nang cedheke penonton)
Den Mono  : Apa???Minten ! Minten edan?? Aku ora mungkin nikahi wong edan, ora mungkin…!
Suminten    : (munggah panggung) Den Mono, ayo nikah Den ,hahahahah
(Den Mono wedi banjur mlayu lunga)
Akhire Minten lan Den Mono ora sida nikah, Minten nerusake sekolahe maneh lan isih tetep karo Tejo. Jaman saiki dudu jamane Siti Nurbaya maneh


Sumber : www.kreatifasmanli.com/2013/03/suminten-edan_1919.html?m=1

Comments

Post a Comment

Terimakasih telah membaca. komentar Anda sangat bermanfaat untuk penigkatan kualitas blog ini

Popular posts from this blog

MENANGANI TELEPON MASUK

1. PENGERTIAN ARSIP

DOKUMEN & DOKUMENTASI